Jumat, 24 Januari 2020

BAB PRANATACARA

       Mc utawa Master of  Ceremony  istilah sing misuwur tumraping pranatacara. Pranatacara kajibah ngalantarake titilaksana upacara pasamuan,temanten, lan sapanunggalane. Basa sing dienggo pranatacara gumantung karo upacarane.
 
A. Maca lan Nanggapi Teks Pranatacara

    Gatekna pethilan teks pranatacara ngisor iki!

Assalamualaikum Wr.Wb.
        
       Dhumateng panjenenganipun para pepundhen,para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.
       Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.

  .....

       Caos uninga katur dhumateng para lenggah,bilih titi laksana ijab qobul putra pinangaten,nun inggih Rara Ayu Fitri putra putrinipun Bapa Joko Susena ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus Ganes  Sri Narendra putra kakungipun Bapa Agus Dahlan ingkang lenggah wonten sekayu Semarang,sampun kaleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda duk nalika dinten selasa,29 Maret 2017 wanci tabuh 09.00 mapan ing Sekayu.

       Pranatacara kakung sumawana putri,wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kaluwangsa nun inggih :
  1. Binuka kanthi sowaning putra Temanten sarimbit saking sasana busana;
  2. Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten;
  3. Atur panbagya yuwana saking hamengku karsa;
  4. Ndungkap titi taksana tataran angka sekawan,lir gumanti pasrah saha panampining putra Temanten;
  5. Adicara ingkang angka gansal sabdatama;
  6. Wondene pratandha pumaning pahargyan saking kulawarga minangka paran para.



B.  Nemokake isi pokok teks pranatacara 
      Isi teks pranatacara ing duwur,yaiku:
     1.teks pranatacara kasebut ngandharake titi laksana ijan qabul;
     2. Acara binuka kanthi sowane Temanten sarimbit,waosan Kalamullah,atau pambagya hamengku karsa,pasrah, sabdatama,lan paran para.


C.  Mbedhah kaidah pranatacara
   Urut-urutane teks pranatacara:
   1. Salam pambuka;
   2. Atur pamuji;
   3. Atur kasugengan,kairing atur panuwun;
   4. Wedharing gati;
   5. Atur nyuwun pangapura;
   6. Panutup;
   7. Salam panutup.

D. Maca teks pranatacara
    Supaya anggone maca teks pranatacara gampang dimengerteni,kudu ngatekake babagan ngisor iki:
     1. Pangucapane kang trep 
     2. Pamedhote ukara kang trep
     3. Intonasi,nada,lan tekanan kang trep 
     4. Mangerteni tandha wacan kanthi trep
     5. Swara kang cetha
     6. Ngatur alon lan cepete pamaca
     7. Ngolah treping mlebu wetuning napas 
     8. Mahami wacan 
     9. Pracaya marang dhiri pribadi.

I. Kawruh kagunan basa 
     Tembung Yogyaswara 
       Tembung Yogyaswara,yaiku rong tembung kang tulisan apadene pakecapane meh padha,dianggo berbarengan,lan nduweni teges lanang-wadon.
Contone:

Bathara-bathari.                        Kedhana-kedhini


F.  Tembung entar
        Entar tegese silihan,yaiku tembung nduweni tegesora salugune.Tembung entar nduweni isi kang geseh karo tetembungane (gadhah teges kiyas).
Contone:
 
Gedhe endhase = gumedhe.                         Kethul pikire=bodho


G. Rura basa 
       Rura asale saka tembung rurah kang rusak utawa bubrah.Rura basa iku basa kang rusak utawa bubrah, amarga ora ketemu nalar. Rira basa iku basa kang salah,ning wiskabacut lumrah.
Contone:

 Godhog wedang
Ngiuleg sambel


H. Panyandra 
       Panyandra asale saka tembung candra,kang duwe teges wetunan kaanan mewujudkan sarana  perpindahan.kang diutamakake ing panyandra iku bergambaraning kaendhan kang kawengku ing samubarang lang dicandra. Panyandra menggah kabergssaning badan.
Contone:

Rambute ngombak banyu
Drijine mucuk eri


I .  Pepindhan
         Pepindhan iku tetembungan kang ngemu isi irib-iriban utawa emper-emperan.padha karo kekarepan karo kaya,kadi,kadya,lir,pendah.
Contone:

Lakune kaya macan luwe
Rukune kaya mimi lan mintuna






Sumber : 
Gegaran nyinau Basa Jawa 1 Kelas X Sma/Smk/Ma.

1 komentar: